Anjani lan Penunggu Kali
Ing sawijining desa cilik, ana bocah wadon sing duwe omah ing pinggir kali. Bocah iku jenenge Anjani. Dheweke iku bocah sing ayu lan nduweni ati gemati banget marang alam. Nanging, Anjani ora nduweni kanca amarga dheweke isin kanggo melu dolanan ing lapangan. Saben sore, dheweke mesthi lunga menyang pinggir kali kanggo nyirami kembang-kembang sing ditandur dhewe. Kembang-kembang iku wiwit tuwuh apik amarga dirawat kanthi apik dening Anjani.
"Kembang-kembang iki kudu dirawat. Yen ora dirawat, bisa mati lan ilang kabeh," ujare Anjani karo nyekeli kendi isi banyu. Ora ana sing ngerti sebabe Anjani repot-repot nandur lan ngerawat kembang saben dina. Nanging, wong-wong ing desa percaya yen kali kasebut duwe penunggu sing njaga desa saka bebaya.
Sawijining dina, nalika Anjani nyiram kembang, dheweke krungu swara aneh. Swara iku kaya bocah lanang sing ngguyu alus banget. Anjani mbalik lan ndeleng ana cah lanang sing lungguh ing ngarep kembang-kembang sing ditandur Anjani.
"Apa sing kok delok?" takon Anjani kanthi ragu-ragu. Dheweke isin, nanging yen ora ditakoni, bisa-bisa bocah lanang iku nduweni niat ora apik.
"Aku mung nyawang kembang-kembangmu. Saben dina kok rawat tenan, ya?" jawab cah lanang kuwi. Rambute lurus, parasé ganteng, nganggo klambi putih. Wajahé rada pucet, nanging Anjani ora peduli.
Anjani krasa penasaran. "Jenengmu sapa?"
"Aku ora duwe jeneng. Wong-wong biasane nyebut aku Seta," ujare dheweke karo mesem.
Saka wektu iku, Anjani lan Seta dadi kanca. Saben sore, Seta nulungi Anjani nyirami kembang lan crita babagan kali sing ora tau surut, uga legenda-legenda desa sing wis dilalekake wong-wong. Anjani seneng ngrungokake critane Seta, nanging dheweke ora tau ketemu Seta ing wektu liya kajaba sore.
Sawijining dina, desa kena bencana banjir gedhe. Sanajan omahe Anjani rada dhuwur, wong-wong desa padha ngungsi amarga wedi. Nanging, Anjani malah mlayu menyang pinggir kali kanggo nylametake kembang-kembang sing ditandur.
"Kembang-kembang iki kudu dislametake! Yen ora, kabeh jerih payahku bakal sia-sia!" gumam Anjani.
Nalika tekan pinggir kali, Seta wis ana ing kono. Dheweke ngenteni Anjani karo ekspresi sedhih.
"Anjani ku, iki wektu kanggo aku lunga," ujare Seta lirih.
"Kowe arep nyandi, Seta?! Aku butuh tulungmu!" jawab Anjani kanthi mata nyawang Seta.
"Aku iki dudu manungsa, Anjani. Aku iki penunggu kali. Yen kali nesu, aku ora bisa ngontrol. Nanging aku janji, yen kembang-kembang iki terus dirawat, aku bakal tetep ana ing kene, njaga saka kadohan," ujare Seta karo mesem. Sawise kuwi, Seta ilang kaya angin, bebarengan karo banjir sing wiwit surut.
Sawise iku, kali bali tenang, lan Anjani ora tau ketemu Seta maneh. Nanging saben sore, nalika dheweke nyirami kembang ing pinggir kali, swara alus lan angin sepoi-sepoi mesthi ngelingake yen Seta isih ana, njaga Anjani lan desa saka kadohan.
Komentar
Posting Komentar